Lirik lagu-lagu Seni Ébég Banyumasan

 Lirik lagu-lagu Banyumasan Dalam Seni Ébég


“RICIK-RICIK”

Ricik gemricik gurimise wis teka sedela maning

Bapake wis teka nyong kaget

Aduh rika mbekta napa

Bungkus pethak niku isi napa


Kiye gendung leh oleh kang larang pitukone

Pinten pitukone pak,

Kula sagah pak, sagah pak sagah mawon

lha iya Tampakena gendung aja bosen

eh tobil Jebulane gambare calone kangmase


Rama rama jaluk madhang lawuh uyah

Moh madhang lawuhe uyah rama jaluk bojo sing dadi lurah

Rama rama, jaluk madhang lawuh trasi

moh madhang lawuhe trasi rama

Jaluk bojo sing dadi pulisi

Rama rama, jaluk madhang lawuh tahu

moh madhang lawuhe tahu rama

Jaluk bojo sing dadi bau

Rama rama, jaluk madhang ajang godhong

moh madhang ajange godhong rama

Jaluk kanca sing gotong royong

Rama rama, jaluk madhang lawuh kripik

moh madhang lawuhe kripik rama

Jaluk bojo sing dadi dadi carik


Wakul kayu cepone wadah pengaron

Kapanane ketemu pada dewekan

Turi rawa kulintang kembang kuyanti

Kurandangan goleti sing eman maning

Dongkel gelang jenenge bung alang alang

Wis ajege wong lanang gede gorohe

Lisus kali kedung jero banyu mili

Meneng soten atine bolar baleran 


“ELING-ELING”

(bowo pangkur banyumasan)

Group : Sangga Buana


(bowo)

“Raden Harya Werkudara..

“nyata lamun satriya jodipati..

“Prakoso gagah gung luhur,

“Godheg wok simbar jaja..

“Yen ngendika..

“Gereng-gereng pinda guntur..

“Dasar satriya prawira rama..

“Eling-eling kula eling..

“Gunungane senapati..”


Eling eling sapa eling baliya,

Eling eling sapa eling baliya maning..

( ya – ya – ya )


Jambe dawe disigar dadi selawe rama,

Mung sawiji mung sawiji,

Mung sawiji kang dadi pilihanku..

Eling eling sapa eling baliya maning,,

( ya – ya – ya )


Janur gunung sakulon banjar patoman rama,

Kadingaren kadingaren.

Kadingaren kang bagus gasik tekane..

Eling-eling sapa eling baliya maning..

( ya – ya – ya )


Sayur pace lembayung pait rasane rama,

Mangsa borong mangsa borong,

Mangsa borong kulo nderek sak kersane..

Eling eling sapa eling baliya maning..

( ya – ya – ya )


Bendo ijo, doro ijo sakurungan rama,

Jo maido jo maido,

Jo maido nanggap sinden isih bodo..

Eling eling sapa eling baliya maning..

( ya – ya – ya )


Jambe dawe disigar dadi selawe rama..

Mung sawiji mung sawiji.


“SIGRO-SIGRO”

katon lembehane merak ke simpir leledang kledang kledang lir angadang

nyamping parang asesonder cinde

angore rekmo pinacak cemeng keladuk wilis

**

ingkang sekar mlati sangsangan rinonce

nyoto sang putri pasemon wingit kalankung

katon memalatkung awit nandang wuyung

sang dyah citro wati rojo putri magodho


***

slayang pantaraning dalu

enget warnaning sang pekik

prabu sri harjuno sosro

narendro gung maes pati

kadulu aneng satmoto

gumantung tung gusti galih

***

ewuh o yo sak jroning kalbu

karono sipat pawestri

yen to kongsi kajedoran

den nyo kataman ing branti

yen ratri rumongso rino

yen siang pann yayah ratri


“JANJINE PIYE”

wus antorosue anggonku ngenteni

nawalamu janjine kepiye

sliramu prasetyo surasane angngraketke paseduluran 

    

biyen katon piye saiki sajake oraglape

opoto kersane ninggalake aku

mung sewulan pindane

wus telung windu

pangrasaku saikine wus antuk gantine

jongono.... jongono ning mbokyo ojo ngono

    eleng dek biyene prasetyane

    marang aku

    kok  biso bisane sak kersane dewe

    mugo mugo dadi pepilingku


“DENGKLEUNG” 

Dengkleung déngdék

Buah kopi raranggeuyan

Engkeun budak dewek

Ulah pati diheureuyan

Reup dengdeung talaga tisuk

Reup sakeudeng nepi ka isuk


Comments